Pengikut

Kamis, 17 Januari 2013

sinom



1.      SINOM
a.       Amenagi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan ora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya keduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah kersa  Allah
Begja begjane wong lali
Luwih begja kang eling lawan waspada
b.      Nuladha laku utama
Tumpraping wong tanah jawi
Priyaganing ngeksi ganda
Panembahan senopati
Kapati amarsudi
Sudani hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapihing siyang ratri
Amemangun karyen nak tyas mring sasama
c.       Sigra kang bala tumingal
Alampah sami medali
Lir thathit wileding ganda
Dhanyang gung manguncang ati
Benjang sang aji mijil
Lathinya medali wuwus
Trustha sura wilaga
Kaya buta singa wergil
Pasthi jongga dhendhanya menyambak baya
d.      Sayektine wong ing donya
Suka syukur mring hyang widi
Kang wus nggelar jagad raya
Samubarang wus cumawis
Kanggo srananing urip
Sarta kabeh titahipun
Aja nganti sangsara
Mangajap sarta mangesthi
Kanthi srana kapitayan sowang sowing
e.       Warna warna kapitayan
Kang tumanduk ing nagari
Kasebut ing paugeran
Empat lima kang wus mesthi
Pancasila tan kari
Janji luhur pandomipun
Iku dadya pranatan
Ora kena den singkiri
Yen mituhu bisa urip karaharjan
f.       Palang merah Indonesia
Tugase sosial warni
Tumrape para bebrayan
Donor getih ambelani
Bela nyawa roh ugi
Nulung ingkang nandhang tatu
Ora mbedakaken titah
Kabeh padha ditulungi
Jejibahan palang merah Indonesia
g.      Sun iki dhutaning nata
Prabu Kenya majapahit
Kekasih damar sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
Ingutus sang narpendah
Kinen mocok murdantaji
Margamingsun  ing ngutus ywa mindho kaya
h.      Pepujan kunu swantara
Bumi kelahiran mami
Sun sesuwun mring pangeran
Ing siyang pantara ratri
Tebih natulak sarik
Antuk nugraha hyang agung
Tata tentrem raharja
Adil makmur kang sejati
Kondhang konbul kuncara mring manca praja
i.        Wonten bebadan social
Tetulung dhateng sesami
Biyen mbantu korban perang
Kanthi raos tanpa pamrih
Ekhlas lair lan batin
Henry dunant kang pangayun
Sumebar tekan donya
Tetulung tekan saiki
Wong sing lara lan korban bencana alam
j.        Iku kiprah palang merah
Mekar saindhenging nagri
Mbiyantu ingkang sanyata
Bencana alam upami
Lemah longsor lan banjir
Tsunami lesus lan lindhu
Gunung njeblug kobongan
Nganti leladi ing sakit
Kanthi kridha dhonor darah ingkang nyata
k.      Pangrembakane bebadan
Palang merah kangge siwi
Ingkang wonten pawiyatan
PMR ingkang sayekti
Kuwarasan kaesthi
Praktek teori nyinau
Nulung korban lagi sakit
Amrih jembar kawruh praktek palang merah


Tidak ada komentar:

Posting Komentar