Pengikut

Selasa, 15 Januari 2013

pangkur


1.      PANGKUR
a.       Mingkar mingkuring ukara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta.
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumpraping tanah jawa,
Agama ageming aji.
b.      Sekar pangkur kg winarna,
Lelabuhan kg kanggo wong ngaurip,
Ala lan becik puniku,
Prayoga kawruhana,
Adat waton punika dipun kadulu,
Miwah ingkang tata krama,
Den kaesthi siyang ratri.
c.       Jinejer ing wedhatama,
Mung sliramu kg dadi telenging ati,
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yeksi sepi sepa lir sepah asamun,
Samsaning pasamuwan,
Gonyak gonyak ngelingsemi,
d.      Mangkono ngelmu kg nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ing aranan cubluk,
Sukeng tyas den yenira,
Nora kaya si punggung anggung gumunggung,
Ungungan sadina dina,
Aja mangkono wong urip,
e.       Megak meguk tanpa nyawa,
Darbe wangun lan cirri kadya janmi,
Ananging ta yen dilulu,
Lir wiku tapa brata,
Asedhakep suku tunggal ciptanipun,
Nenuwun marang jawata,
Kg maha murah lan asih.
f.       Siswa siswi dha mirengna,
Pitutur dhatan jeleh dha kambali,
Nuli dha percayaa,
Paribasan kaya kewan,
Macan galak  ora bakal mangsa sunu,
Ngono uga dwijanira,
Tansah tlaten anuturi.
g.      Bakal tentrem uripira,
Lamun sira padha gelem ngajeni,
Aja dha milih saru,
Iku agawe cilaka,
Umpamakna kabeh tunggal rama ibu,
Rukun agawe santosa,
Congkrah bubrah kg pinanggih,
h.      Gya rungokna para siswa,
Aywa sira meh padha apradondi,
Myang kabeh kadhang iku,
Uga kabeh kulawarga,
Sapa salah ngakonana lamun luput,
Anyingkiri regejegan,
Kudu tansah den elingi,
i.        Jirak pindha mungwing wana,
Sayeng kaga warekta kg muroni,
Sinambi kalaning nganggur,
Wastra tumprap mustaka,
Pangikete wangsalan kg sekar pangkur,
Baon sabin ing nawala,
Kinarya langen pribadi,
j.        Deduga lawan prayoga,
Myang watara reringa aywa lali,
Iku parobot satuhu,
Tan kena tininggala,
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
Angucap meneng narendra,
Duga duga nora kari,
k.      Tinitik ing solah bawa,
Muna muni ing laku lawan linggih ,
Iku panengere agung,
Winawas ing rahita,
Pramilane ing wong kuna kuna iku,
Yen amawas ing sujanma,
Dhatan amindhongaweni,
l.        Seni kudha kepang nika,
Aja nganti ditinggal para abdi,
Uga pituture iku,
Tansah mikani rasa,
Tabag gunung panggonane seni iku,
Aja nganti ditinggalna ,
Aja tansah arep keri,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar