Pengikut

Kamis, 10 Januari 2013

cerita jawa

cerita jawa

ARYA PENANGSANG

Kocap kacarita,ing Padhepokan Kaperwatan kang papane adhem ayem lan tentrem,putri –putri sami langen suka marang para abdi dalem.Ing papan kono lagi kapatrapan lelayu, amarga Kanjeng Sunan Prawata lan garwanipun pejah saknalika kawit  polahipun Arya Penangsang.( para putri beksan gambyong)
Emban : “Raden Ayu prabawaning ratri,Sasadara wus manjer kawuryan,Tan kuciwa memanise,Menggep srinateng ndalu,Siniwaka sanggyaning dasih,Aglar neng cakrawala, Winulat ngelangut,Prandene kabeh kebekan,Saking kehing taranggana kang sumiwi, Warata tanpa sela.”(Karo mesam mesem)
Semangkin :(karo muwun)”Rama ibu kang luhuring budi, Ingkang angukir jiwa lan raga,Kang agung pangurbanane,paring pituduh luhur, rina wengi tansah angesthi,Wus gineluding seda, Kondur mring hyang Agung, Sadaya ribed rubeda, Linambaran kanthi sabarang penggalih, Tuhu pantes tinulad”
Emban :” Sampun sampun Gusti Ayu, mboten usah dipun bacutake anggenipun tetangisan, mboten usah dipun getuni pejahipun kanjeng Sunan menika sampun dipun garisaken dening dewa den”
Semangkin :”Yo tak trimak –trimakno yo yung, ananging aku isih duwe rasa mangkel ing ati.Amarga pejahipun rama lan ibu menika mboten amarga lara ,ananging dipun pejahi soreng andhahane Arya Penangsang.
Emban :” Gusti putri ,sinambi ngilangi rasa sedih mangga langen suka tetembangan mawon”
Semangkin:” iyo yung , enake tembang  goyang semarang wae”
Emban :” music dados”( pada tetembangan langen suka)
Sakwise  pada tetembangan ,ing papan kana karawuhan kanjeng ratu Kalinyamat.
Ratu :”Assalamualaikum yayi”
Semangkin :” Waalaikumsalam bibi ratu”
Ratu:” Kepiye pawartamu ing dina iki, sarehne Kanjeng Sunan seda”
Semangkin :” Sakderengipun sembah nuwun kula mugi konjuk, sarehne rama lan ibu dipun pejahi soreng raos batin kula mboten tarimah taksih wonten rasa mangkel ing batos ngantos dinten punika. Kula badhe sumpah menawi pinanggih dhateng arya penangsang  bakal mbalesaken dendamipun rama lan ibu. (kanthi amarah)
Ratu: “ oh. Yen pancen mangkono kekarepanmu ayo yayi melu bibi wae”
Sakbanjure semangkin kaliyan emban nderekaken Kanjeng Ratu Kalinyamat sowan ing  Kudus. Ing kana ketemu karo Aryo Penangsang lan wadya balane.  Banjur Kanjeng Ratu Kalinyamat ora sido sowan amarga saking seriking manah.
Setting: ing pendopo kudus (aryo penangsang lan sunan kudus) lan ing alas ( semangkin, ratu,lan emban ngindhik)
Ratu : “eh kosek kosek galo nek ora kleru  kae bathangane aryo penangsang”
Semangkin: “ inggih bibi”
Emban: “ endi tha ndara, pundi tha.(banjur tiba)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar