Pengikut

Selasa, 15 Januari 2013

pucung


1.      POCUNG
a.       Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
Lekas selawankas,
Tegese kas nyantosani,
Sedya budya pangekese dur angkara,
b.      Bapak pocung dudu watu dudu gunung,
Sabamu ing alas,
Ngon ingone pak bupati,
Prapteng marga si pucung lambehan grana,
c.       Bapak pocung among sirah lawan gembung,
Padha dikunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka si pucung dadi dahana,
d.      Bapak pocung dudu tampar dudu dadung,
Dawa kaya ula,
Penclokanmu kayu garing,
Prapteng griya si pucung ngethokna cahya.
e.       Bapak pocung duwe sirah tanpa gembung,
Padha dikunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mbijik bata nuli urip sakgebyaran
f.       Lila lamun kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Sak serik samang dumadi,
Tri legawa nelangsa srah ing bathara.

2.      MASKUMAMBANG
a.       Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
Sadulur myang sanak,
Kalamun muruk tan becik,
Nora pantes yen den nuta.
b.      Dhuh anak mas sira wajib angurmati,
Marang yayah rena,
Aja pisan kumawani,
Anyeyamah gawe susah.
c.       Putri cina gelangsaran kwalasasih,
Mara kelaswara,
Pedhangen juren wak mami,
Awayu andedawa lara.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar