Pengikut

Selasa, 15 Januari 2013

asmaradana


1.      ASMARADANA
a.       Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha prabalingga
Prang tandhing lan wurung bisma
Karya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
b.      Caritane wayang jawi
Ing praja ngalengka draja
Ratu buta rahwana arane
Gawe geger nyolong shinta
Anoman cancut tumandhang
Ngalengka wus dadi awu
Kobong gedhe jroning praja
c.       Poma poma wekas mami
Anak putu aja lena
Aja katungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
Rinten ndalu dipun emut
Yen urip manggih antaka
d.      Pratikeling wong akrami
Dudu banda dudu rupa
Amung  ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
e.       Nora gampang wong aurip
Yen tan weruh urip ira
Uripe padha lan kebo
Angur kebo daging ira
Khalal lamun pinangan
Yen manungsa dagingipun
Pinangan pastine kharam
f.        Ubed ubed dudu kaji
Kang lancip dudu curiga
Dibanting nggareng tangise
Yen wis meneng tangisira
Gumlundhung aneng kisma
Batangan cangkrimaningsun
Yen ngerti tandha prawira
g.      Ingsun arep amangsuli
Cangkrimaning sanakingwang,
Asmaradana tembange,
Ingsun wis tau suwita,
Ana ing Surakarta
Den utus putraning ratu,
Nyang pasar tuku gangsingan,



Tidak ada komentar:

Posting Komentar