Pengikut

Kamis, 17 Januari 2013

campursari



TEMBANG CAMPURSARI




Barong dance in Pulau Dewata

1.      CAPING GUNUNG

Bawa :  SABEN BENGI NYAWANG KONANG
             AMEMAJANG MUNG JANUR KUNING
             KEMBANG WAE WETON GUNUNG
             PACITAN SARWI JENANG
             PANAS UDAN ALING ALING CAPING GUNUNG
             NADYAN WADON SARWI LANANG
             INUMANE BANYU BENING

Kibar.   Dhek jaman berjuang , jur kelingan anak lanang
             Biyen tak openi , ning saiki ana ngendi
             Jarene wis menang , keturutan sing digadhang
             Biyen nate janji , ning saiki apa lali
             Neng gunung tak cadhongi sega jagung
             Yen mendhung tak silihi caping gunung
             Sokur bisa nyawang gunung desa dadi reja
             Dene ora ilang nggone padha lara lapa

2.      PARIWISATA

AJAJAH PRAJA AMILANG KORI
KALA MANGSANE PARIWISATA
PRA ENDAHE ALAM NUSWANTARA
KEH KANG ADI LUHUNG ALAS LAN GUNUNG GUNUNG

3.      MBOK YA MESEM

E , E , E , MBOK YA MESEM MRENGUT PEDAHE APA
E , E , E , MBOK YA NGGUYU SUSAH PEDAHE APA
PANJALUKU DHEK TETEPA ING JANJI
AJA EWA AJA TANSAH CUWA
NADYAN AKU UGA TAN SE-LAK-ING-JANJI
E , MESEMA TANSAH TAK ENTENI
YO BARENG , ANGGUDI LUHURING KAGUNGAN
WATONE TUMEMEN MESTHI KASEMBADAN




4.      SLENDHANG BIRU

KEDHEP TESMAK AKU NYAWANG SLENDHANG BIRU
GELUNGANE METHOK LAMATAN TASIKANE
NGAGEM KEBAYAK WUNGU, NYAMPING BATIK
SOLAHE ESEME SLAGANE GAWE BINGUNG
NYATA KAGUNGANE GEDHE PAEDAHE……………….
……….AMUNG KUCIWANE.. LHO……..LHO,

 ANYELAKI JANJI, SLENDHANG BIRU SLENDHANG BIRU ,
AMUNG NGENAKI ATI , ORA TEKAN BATIN SEDYAMU
             SLENDHANG BIRU
TETEPANA JANJIMU SLENDHANG BIRU

5.      SRI HUNING

Bawa : SINEBUT PAHLAWAN PUTRI
            SRI HUNING MUSTIKA TUBAN
            PUTRA KANJENG SURA LAWE
            TUK PRANG BAJANEGARA
            BEBELA WIRATMAYA
            TAN WURUNG SRI HUNING WUKU
            DADI KUSUMANING BANGSA
Kibar : Sri huning mustika tuban , labuh tresna lan sebaya pati
            Marang raden wiratmaya , kang wus prasetya anandur kapti
            Sri huning dhtan grahita , kang rinata kadhange pribadi
            Wiratamaya putranira , suralawe adi pati tuban
            Sri huning putrane abdi , wangsa pati nalika ing uni
            Kapupuh ing madya laga , dhuk prang agung lawan minak jingga
            Katresnaning wiratmaya , tinampi dening rara sri huning
            Bebasan wekasanira prapteng lena alabuh Negara
Lha iki sarunge jagung ,pancen nyata abote wus bacut tresna
Ora pati gela , agawe kuciwa , yen sulaya ja lali biyen janjine
Lha iki sarunge jagung ,pancen nyata abote tanpa rinasa
Watone kelakon , bisa padha kumpul manunggal lahir batine
Sanadyan munggaha gunung medun jurang tanpa petung
Mung nyatane ngono, rasa jroning ati bungah susah padha dilakoni
Lha iki sarunge jagung , luwih abot sanadyan wus bacut tresna
Kari bebasane sarung jagung , jarene abot tresnane

6.      GOYANG SEMARANG

Klingkong klingkong numpak andhong ngebel klingklong
Grayah grayah sake kothong kanthong bolong
Adhike ngadhang adendhang goyang semarang
Iringane boning kendhang rebab gambang
Ilang samar atiku ora sumelang
Ora cemplang ngumandhang goyang semarang

7.      SETYA TUHU

Aku kang setya satuhu ,wit byen nganti saiki
Bebasan peteng kapa-pak obor sumunar
Andhika pangayomanku
Lahir batinku wus nyata
Amung sajak-e andhika semune kurang rena
Tanda yekti paseksene rikalane
Ngangkat awrat, mlampah tebih datan lesu
Mugantuk berkahing widi
Andhika mung tansah limpat
Panyuwunku setya kula tansah anglam lami

8.      PANGKUR LAMBA

Pangkur wirama lamba, galang galang cangkrike slendro pa-thete sanga, muga dadi sarana. Manunggal lahir trus batine trus maju tanpa mundur majulah laju.

9.      BUTA GALAK

Buta buta galak, solahmu lonjak lonjak, ngadeg sigrak sigrak, nyandhak sampur nuli tanjak, tanjak bali maneh rupamu ting celoneh, kae kurang apa, tak senggoh kurang
alasan, lha wong kowe sing marah-marahi 2x, ngono aja ngono hihi aku wedi , galo kae galo kae rupane plerak plerok, kulite ambengkerok, mung kulite ambeng kerok.

10.   AYUN-AYUN

Ayun ayun gobyog gawe gumun tekun,
Sarta rukun, akeh kang kayungyun,
Dadi srana iku , dhatan jemu,
Nyawiji ing panemu ,condongin kalbu.

11.   KUTUT MANGGUNG

Bawa:  WAYAHE WUS LINGSIR WENGI
            PERKUTUTE ARSO MUNI NING PLANGKRINGAN
            ANGGUNGNYA MEMANAS ATI
            HUR KETEKUNG……KUNG…..KUNG 2x
            MANGGA…..MANGGA……MANGGA 2x
            PINARAK INGKANG SEKECA
            PAMITRA KANG MINULYA SUGENG RAWUHIPUN
SORE SORE YA LAH BAPAK KUTUT MANGGUNG
NJALUK NJALUK NGOMBE ……IYO…..IYO
YA BAPAK BAPAKMU DHEWE  OMBEN 8x NONO
E MANUKE KUTUT
ATAK ATAK OMBEN OMBEN NONO
SETITIK BANYUNE TAWA
GANDHES LUWES SAKSOLAHE,PAKAN KAN PAKAN
PAKAN 3x NONO
E MANUKE KUTUT, ATAK PAKAN 3x NONO
SETITIK BERASE CEMPA , GANDHES LUWES SAKSOLAHE
TRAHING NATA, YA BAPAK 2x KU DHEWE
TRAHING NATA RISANG DANANJAYA . MULA PANCEN KEWEK 2x DHEWE. DEN PRAYITNA SABARANG HAWA SEMBRANA , ADHUH LAE WONG BAGUS
YEN TAN WERUH SEDINA KAYA CHANDRA.

12.  KUDA NYONGKLANG
Kuda nyongklang tumpakan sing aji
Ambeng ingik mogok, sabuk neter
Tumumpang nggigire, tanpa obah, mung denya tumeling
Perkutute manggung,

13.  BENGAWAN SORE
Ning pinggire bengawan tansah setya ngenteni sliramu
Eling eling jamane semana wus dhungkap pitung ketiga
Ning pinggire bengawan saben saben mung tansah kelingan
Wus prasetya ing janji kang suci ing lahir terusing batin
Sanadyan kaya ngapa manungsa mung bisa ngreka lan njangka
Gusti kang paring idi lan pesthi kita sak derma nglampahi
Ning pinggire bengawan wayah sore sansaya kelingan
Gawang gawang esemu cah ayu agawe sedhihing atiku.
14.  YEN ING TAWANG ANA LINTANG

Yen ing tawang ana lintang cah ayu, aku ngenteni tekamu,
Marang mega ing angkasa nimas sun takoke pawartamu,
Janji janji aku eling cah ayu sumedhot rasning ati
Lintang lintang ngiwi iwi nimas tresnaku sundhul wiyati
Dhek semana janjiku disekseni, mega kartika kairid rasa tresna asih.
Yen ing tawang ana lintang cah ayu, rungokna tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas, tresnaku sundhul wiyati.

15.  NGIDAM SARI

Bawa : DHUH WONG AYU PEPUJANING ATI
            KAYA NGENE WONG NANDHANG ASMARA
            APATA AWAKKU DHEWE
            DHUH DEWA JAWATA GUNG
            WELASA MRING AWAK MAMI
            BESUK KAPAN KETEKAN
            JEJER LAN WONG AYU
            UMPAMPAKNA NAHKODA TANPA PRAU
            SASADARA DEN PEPETRI
            NGIDAM SARI ASMARA
Umpama sliramu sekar melathi, aku kumbang ngidam sari
Umpama sliramu margi wong manis aku sing bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil ing netra rinasa karasa rasaning driya
Midera sajagad raya , kalingana wukir lan samodra
Nora ilang memanise adhuh dadi ati selawase
Nalikane rohing ndalu atiku
Lam lamen si rupa ayu
Nganti mati ora bakal lali, lha kae lintange mlaku.





16.  LANGGAM KANGEN

Bawa  :KANGENKU TANPA UPAMA
            MUNG SLIRAMU KANG DADI TELENGING ATI
            WUS LAWAS ANGGONKU NUNGGU
            NANGING AMUNG NGELEDA
            NGELINGANA RIKALA DINA KEPUNGKUR
            SLIRAMU NATE NGANDIKA
            TRESNA LAHIR TRUSNING BATIN
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong ayu kang dadi ati
Rina wengi mung tansah tak impi impi, jroning ati kangenku setengah mati
Jenang gula ya dek ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana
Sliramu janji aku setya ngenteni, lahir batin tresnaku terusing ati

Kangen ,wong kangen ngene rasane, rindhu rindhu wong ayu kowe tak tunggu
Kangen, wong kangen apa tambane, rindhu rindhu tambane kudu ketemu
Klapa muda enake gawe rujakan ,leganana aku kang nandhang kasmaran
Mbalung janur wong ayu tak anti anti, ngusadani wong kangen ndang antuk jampi

17.  WUYUNG

Larane lara nora kaya wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan ra jenak dolan neng ngomah binggung
Mung kudu weruh woting ati dhuh kusuma ayu
Apa ra trenyuh delengen iki awaku sing kuru
Klapa muda leganana nggonku nandhang brantha
Witing pari dimen mari nggonku lara ati
Adhuh nyawa, dhuh dhuh kusuma
Ora krasa apa pancen tega, mbok mbalung janur
Paring husada wong kang nandhang wuyung

18.  SARUNG JAGUNG

Sarung jagung abote kabotan tresna,dakrewangi korban jiwa raga mlaku adoh tan gresula
Watone sesandhingan agawe ayeming ati nadyan munggah gunung ora wegah
Watone bakal sumandhing mung tansah eling sarung jagung
Rasane kabotan tresna, yen tan weruh sedina kaya setahun, sarung jagung abot rasaku

19.  AJA DIPLEROKI

Mas mas mas aja dipleroki, mas mas mas aja dipoyoki, karepku njaluk diesemi
{tingkah lakumu kudu ngreti cara,aja ditinggal kapribaden katimuran}
menko gek keri ing jaman{mbok ya sing eling} eling bab apa {iku budaya}
pancene bener kandhamu


20.  KELINCI UCUL

Mubengi kutha sakteruse ing desa desa, namung aku angoleki sing tak tresnani
Klinci ku ucul…..,lunga mangetan Surabaya terus nyang bali
Lunga mangulon nang bandung nora ketemu terus aku nang Jakarta
Jebul ora ketemu adhuh kelinciku….. aja nggoda aku,terus bali nang semarang
Klinciku wus ana kandhang. Lha jebulane grusa grusu keburu napsu,wekasane montang manting, ragade akeh aku dhewe sing kebanting.

21.  WALANG KEKEK

Walang kekek asale klaten,suwarane sak nusantara,
Sregep golek lan janji tlaten,rejekine ra mesthi teka,
Eoie,aoea,eoie yae yaeo eya eo
Walang kekek teleni lemur, sugih kanca rejeki makmur.

Walang iki kok gremat gremet la yen gremet gremeti kayu
Bola bali kok tindhak pijet lha sing mijet rupane ayu
Eoie
Walang kekek jok digoleki habis pijet kok jawil pipi

Walang kekek mencok neng tales mabur ngetan dioyak kebo
Awak lemes atine ngenes mikir bojo seneng domino
Eoie
Walang putih ngisoring randu janji mulih mung ajak padu

Walang kekek walange kadung mlumpat mlumpat aja diujen
Walang kekek sampun rampung lamun lepat nyuwun pangapunten.

22.   JANGKRIK GENGGONG

Kendhal kaline wungu ajar kenal karo aku,lelene mati digepuk gepuk nganggo walesane,
Suwe ora pethuk ati sida remuk kepethuk mung suwarane
E yake yake e yake yake yake yake,  jangkrik genggong2x luwih becik omong kosong

Semarang kaline banjir jo sumelang ra dipikir, jangkrik upo saba ing paga malumpat tengahing jogan,
Wis watake prya jare ngaku jaka, tekan dalan selewengan,
E yake,  jangkrik genggong 2x wani nglirik sepi uwong

Yen ngetan baline ngulon tiwas ngedan ra kelakon,yen ngrujak rujaka nanas ,aja ditambahi kweni,
Kene tiwas nggagas awak adhem panas jebul ana sing duweni
E yake , jangkrik genggong 2x sampun cekap mangsa borong.


23.  LARA ASMARA

Bawa : KIDUNG SRINATHA ASMARA
            MANISE ANGGUGAH ATI
            TEBIH SINAWANG ING NETRA
            SUWE SUWE ANGANGENI
            DHARMANING LARA BRANTI
            SOLAHE KETAMAN WUYUNG
            NORA ANA HUSADA
            BEGJA INGKANG ANDARBENI
            NIMAS AYU NYATA KANG KARYA KASMARAN
Aduh wong manis nalikane sepisan ketemu,nanging ana gaying gawang2x angel dilakeke
Aduh wong bagus aku uga ora bisa lali,enget mring raimu kaya kaya kepingin ketemu.
Muga muga Gusti tansah amarenga dadi srana husada lara asmara
Aku ngantekne merga eling mring janji janjimu,uga ora lali sawangane mring atiku

24.  LUNTUR

Bawa : YEN TINUTUR NGLUNTUR NGRUSAKE ATI
            NADYAN WUS SAPATA
            TRESNAMU NGLUNTUR NGUNDURKE
            TIWAS ANDEDAWA LARA
Yen luntura wenterane nora kaya yen luntur tresnane
Tekan tekane atine kaya kaya mung sakmune dewe
Ora engeta biyene saben dina mung tansah methuke
Saben kepethuk ambune angrerepa dadi lan duweke
Nora maido kala mangsa kok agawe cuwa
Ewa semana nganti bisa angkunturke tresna
Ditambakna mrana mrene tiwas tiwas ndedawa larane
Nanging tamba sejatine nora liya mung awake dhewe

25.  REWEL

Ngomonga terus terang yen pancen kowe bosen,nora peru kakean alesan,
neka warna solah lan lakumu, adhuh adhuh adhuh mana tahan.
Aku tansah ora bisa nahan………….bimbang,
ngono kuwi ngomonga terus terang.
REWEL ngene salah ngono salah,
REWEL meneng salah ngomong salah
REWEL mungkur salah ngadep salah,
REWEL piya piye katon salah.



26.  NUSUL

Lha kae nusul teka teka ulate nyegadhul, mripate mrebes mili anehe nyedaki njiwiti
Tekade nusul padune ngejak bali kumpul,galake dimareni rewele ora dipindhoni
Udan neng dalan eman eman polahe dewe, bisa kelangan dadi samar banjur dadi gawe.
Tekade nusul padune ngejak bali kumpul,galake dimareni rewele ora dipindhoni.

27.  GUGUR GUNUNG

Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja , kene kene gugur gunung tandhang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane,lila lan legawa kanggo kamulyaning praja
            Siji loro telu papat maju papat papat ,diulang ulungake mesthi enggal rampunge
            Holobis kuntul baris 3x

28.  LESUNG JUMENGGLUNG

Lesung jumengglung sru imbal imbalan,
lesung jumengglung angaya ayungyung
Ngumandhang ngebegi sajroning padesan thok,
 thok thek thok thok gung thok thek thok thek thok gung 2x.

29.  JAGO KLURUK

Wus wayah esuk jagone kluruk,rame swarane pating kemrusuk
Adhuh senange sedulur tani, bebarengan padha nambut kardhi.

30.  SAMBEL KEMANGI

Enake jangan asem kecut,sambele kemangi
Mangane bubar nyambut gawe,sanadyan lawoh tempe ning sehat awake
            Segere ngombe banyu kendhi rokok nglinthing dhewe
            Sanadyan mung manggon ana desa, nyantane ayem tentrem kumpul sakeluwarga
Aku trima watene pokok seger wares,kayaku nglumpukna neng donya dadi samar
Uga kuku pipit lan ngrabuki,mangan saben dinane sega sambel kemangi
            Enako wong urip ing alam donya ,yen wegah rekasa urip ra bisa mulya
            Kudangane rama lan ibune,sregepa nyambut gawe aja lali mujine.

31.  SAKIT RINDU

Luwih becik lara untu daripada sirahe ngelu sakit cinta sakit rindu
Yen wengi ora bisa turu yen awan ra doyan mangan amarga tansah kelingan.
            Bener kowe betul kandhamu cah ayu tak tunggu tunggu,
            Nora liya mung sliramu,rina wengi dadi impenku wani sumpah apa njalukmu
            Cah ayu aja ngguya ngguyu.
Lali anak, lali bojo, lali wayah lali petung
           
Rasane wong lagi gandrung pilih mbacut apa ngantung
            Yen wurung tak trima ngantung
Malaria apa malarindu sedina rasane sewindhu, neng awak marake kuru
Numpak dhokar mlakune ngulon wong sabar mesthi kelakon
            Aduh bapak alah aduh biyung anakmu kaya wong  gemblung
            Kapan ndika paring pitulung,iwak cucut mlebu neng karung
            Kabacut alias kadung ngenteke sawah ngentekne kampong

32.  KUPU KUWI

Kupu kuwi tak encupe mung lakune ngewuhake
 ngalor ngidul ngetan bali ngulon,
Mrana mrene ing sakparan paran
 sapa bisa ngencupake mencok cegrok banjur mabur mleber

33.  KEMPLING

Tindak pundi mbak ayu badhe tindhak pundi? Kadingaren tindak wae ora numpak taksi dewekan opo ora wedi, timbang nganggur mangga kula rencangi
Keleresan mas alias kebetulan blanjane kathah rada kabotan
            Yen purun enggal enggal ngrencangi tekan ngomah mangkih kula opahi
E e tobil wong legan golek momongan
Niki blanja napa mbakyu badhe pindahan
            Sampun gela mas sampeyan ampun kuciwa
            Kula randha anyaran ditinggal lunga
Awan awan lunga blanja neng pasar pahing
Prawan randha bagiku ora pathek penting
            Neng semarang mas tuku gelang karo anting anting
            Jo sumelang biarpun randha dijamin kempling

34.  GANDRUNG

Wong gek lagi gandrung ra peduli bledose gunung,
wong gek lagi naksir ra peduli yen prang nuklir
.nadyan lagi bokek direwangi tretak tretek,
 jarene wis jodo opo2x duweke wong loro,
Wong gek lagi kepikat ra peduli donya kiamat,
wong wis ngucap janji ra peduli lagi inflasi,
nadyan ora duwe duit direwangi kredat kredit,
 jarene wis jodo opo2x duweke wong loro,
Irung bangir weke sapa dek,
janggut nangkis,
 lambe manis,{yo duwekmu}
Iki piye 2x weke sapa3x mesthine ana sing duwe


35.  PADANG BULAN

Sore sore padang bulan, ayo kanca pada dolanan
Kene kene bebarengan ramerame pada gegojegan
            Kae kae rembulane yen disawang kok ngawe ngawe
            Kaya kaya ngelengake,kanca kabeh aja turu sore sore
Gethuk asale saka tela mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela yen ra mathuk atikne rada gela
Aja ngono dek aja aja ngono kadung janji mengko aku gela

36.  MENTHOK MENTHOK

Menthok menthok tak kandani mung lakumu,
 angisin isini mbok ya aja ngethok ana kandhang wae,
 enak enak ngorok ora nyambut gawe,
 menthok menthok mung lakumu gawe guyu.

37.  GAMBANG SULING

Gambang suling ngumandang swarane,
Tulat tulit kepenak unine, U…..nine mung nrenyuhake barengan lan kentrung
Ke-tipung suling sigrak kendangane.

38.  SUWE ORA JAMU

Suwe ora jamu jamu godhong tela
Suwe ora ketemu ketemu pisan gawe gela

39.  ILIR ILIR

Ilir ilir tandure wus sumilir tak ijo royo royo tak sengguh temanten anyar
Bocah angon penekna blimbing kuwi,lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dadadira
Dadadira kumitir bedah ing pinggir dumana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gede rembulane mumpung jembar kalangane gya suraka surak hiye

40.  ELO GANDRUNG

Elo elo tansah gandrung gandrung, dasar rina wengi tansah gandrung gandrung
Dasar kepara nyata gandrung, gandrung dumadine kemakmuran……………
e…..a…………eo…………..dasar elo elo gandrung ,gandrung marang kemakmuran
rina panta rahing wengi, tansaha senak lan tara kanggo kamulyaning praja
sak enggening jaya brana angegung saking praja, ayem tentrem adil makmur tansaha ayem ing praja.

41.  NUMPAK SEPUR

Aku numpak sepur numpak ing betawi , arane sepur dur bayare setali
Sapa trima bonceng konangan kondektur, yen didenda kenceng napa mboten kojur

42.  UDAN ORA GAWA PAYUNG

Udan ora gawa payung salahe dewe lunga neng gunung,
Arep bali kadung tak sawang mega langite mendhung
            Aja dha mikir wurung jarene dewe yo mikir wurung
            Saiki udan kadung tak wastani udane ra rampung rampung
Mikir golek silehan payung
Entuk silehan payung
Sak dalan dalan payungan ya runtang runtung.

43.  BENGAWAN SOLO

Bengawan solo riwayatmu kini, sedari dulu jadi perhatian insane
Musim kemarau masih ada airmu ,di musim hujan air mengalir sampai jauh
Mata airmu dari solo, bergunung gunung seribu,
Air mengalir sampai jauh airnya kelaut
Itu perahu ingatanmu dulu, tahun ke tahun jadi ingatan selalu…………………

44.  RANDHA EDAN

Wiwitane mas kedanan randha ,ra digape sambat ngauwara
Yen ra gelem mask ok nekat wae, ati ayem nadyan mung weruh omahe
            Yen kasmaran mas ora kewetu,kaya gulu klelegen roti bolu
            Krungu rondo sinenengi liyan,le cemburu nganti kaya wong edan
Yen kasmaran mas tanpa mikir ,ehek jaran disangkanya ebir
Ketir ketir mas setengah mati, ngunjuk ebir kaya montor tanki
            Edan mikir mikir rondo,solahe ra duga duga
            Yen ditampik kaya wong edan. Jare serik pa ya tenan
E eeee lha kok tenan 3x,awak lemes ora karuan



45.  ALUN ALUN NGANJUK

Lunga tak anti anti kapan kowe bali,mecahe endahe wengi kutha nganjuk iki
Sumilir angin wates ,nggugah kangene ati,apa kowe ora ngerteni kowe tak kangeni
            Neng alun alun tak enteni,terminal stasiun takgoleki
            Senadyan setahun tak enteni tresnamu sing tak gondeli
Lali tenan ya dek nggonku janji janjidisekseni lampu alun alun iki
Lali tenan ya dik karo aku iki neng terminal stasiun gonku goleki

46.  RICIK BANYUMASAN

Ricik kumricik gerimise wis teka sedela mandek
Bapake wis teka, nyong kaget aduh le kabotan bapak
Bungkus merak wedoke sing numpak.

47.  PEPELING

Wis wancine tansah dielengke,wis wancine pada nindhakake
Adzan wis kumandhang wayahe sembayang ,netepi wajib dawuhe pangeran
            Sholat dadi cagaking agama, limang wektu kudu tansah tindakna
            Kanthi istiqomah lan sing tuma’ninah ,luwih sampuran yen beerjamaah
Subuh luhur lan aszar ,sholat sayekti ngedoke tindak mungkar
Magrib lan ishak jangkebe,prayogane di tambah sholat sunahe
            Jo sembrana iki prentah agama.ngelingana neng donya mung sedela
            Sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa ,yen kepareng besok munggah suwarga.

48.  WITING KLAPA

Witing klapa jawata ing ngarcapada, salugune wong wanita
Kula sampun njajah praja, ing ngayogya Surakarta
            Sekar mawis tinandur sekar melathi,dasar manismerak mati
            Sun rewangi pati geni pitung dina pitug bengi

49.  KICIR KICIR

Kicir kicir ini lagunya, lagu lama ya tuan dari Jakarta
Saya menyanyi ya tuan memang sengaja,untuk menghibur hati nan duka
            Burung dara burung merpati,terbang cepat ya tuan tiada tara
            Bilalah kita ya tuan suka menyanyi,badanlah sehat ya tuan hati gembira

Buah mangga enak rasanya ,si mana lagi ya tuan palig ternama
Siapa saya ya tuan rajin bekerja,pasti menjadi warga berguna.


50.  ANAK KAMBING SAYA

Mana dimana anak kambing saya,anak kambing saya ada di pohon waru
Mana dimana jantung hati saya ,jantung hati saya ada di kampong baru
            Caca marica hehe 2x caca marica ada di kampong baru {2x}

51.  KANCA PADHA SAINGAN

Kanca padha kanca padha saing saingan,kanca kanca pada kanca pada tukar tukaran
Nambut kardhi Gusti sing maringi, sapa sing nyaingi pada saing saingan2x
Sakbanjure pada plerok plerokan 2x
Wancine wus dadi tambane
            Bergoyang goyang eee 2x
Bergoyang lenggok ee irama kendhang

52.   LADRANG KIJING MIRING

Ladrange kijing miring,anelasak uga tansah eling
Rehing rasa rasaning warna warna,uga sembrana tansah gawe cuwa

53.  RAMU RAMU

Ramu ramu dhatan kemba wanci panca rana, mangglar mangglar cita
Unggul ing ngayogya sjroning prang,dhuh gusti teleng kula
Sokur bage ngarsa padha gusti kula
            Gusti ingkang maha suci paring pangapura tumprap pra manungsa
            Sokur padha eling kersaning hyang, dhuh gusti teleng kula
Sokur bage ngarsa padha gusti kula


54.  BINTANG KECIL

Bintang kecil di langit yang tinggi,amat banyak menghias angkasa
Aku ingin terbang dan menari . jauh tinggi ke tempat kau berada
            Aku wingi dolan neng semarang,aku numpak iya bis bisan
            Aku lali ora gawa dompet, sakbanjure aku ngamen neng prapatan

55.  KRIPYIK KRIPYIK

Kripyik kripyik jarane si jaran kepang,grasak grisik enake gawe rebutan
Mlayu ngetan mlayune anenggar nenggar,goyang 3xe goyang semarang
Mlayu ngetan marani sing naboh kendang ,klisak klisik jaluk lagu jaran kepang
            Para mudha ayo pada bebarengan,ngleksanani kabeh sing dadi kuwajiban
            Nglestarekake warisane nenek moyang,bangun desa kanti seni jaran kepang
            Muga muga pinaringan kasembadan,saya maju kesenian jaran kepang
56.  NGIMPI
Bawa: NGAMBOROHING AWANG AWANG
            ANGELANGU BEBASAN TANPA TEPIH
            NERABASING MEGO MENDHUNG
MEBER MITERI JAGAD MILANGKARA NGELEMBORO NGUNGGAHI GUNUNG       
TETUNGKUL NGUMBAR GAGASAN
SATEMAH DI GOWO NGIMPI
Sripat sripit lambehan mrak kesimpir, gandhes luwes wiragane anglam lami
Sidhet singket besuh angadi busana, dasar ayu maksih Kenya tan kuciwa
Tak caketi aduh mesem sepet madu, ora sronto tak gandheng malah gumuyu
Katon bungah Kenya kang pindha hapsari, kuciwane kabeh mau among ngimpi
57.  LINGSIR WENGI

Lingsir wengi sepi durung bisa nendra, kagoda lintang among angreridu ati
Wiwitane mung sembrana njur kulina, ra ngira emang dadi gela
Kuciwane aku dewe kang nemahi,nandhang brantha kadung lara sambat sapa
Rina wengi sing tak puji aja lali, janjine muga bisa tak ugemi

58.  LUNGITING ASMARA

Seprene ngonku ngenteni janji,iku prasetyaning ati
Aku tresna mring sliramu dhuh wong ayu , ra eling dina lan wektu
Ing ati katon ra bisa ilang, saya suwe saya ra karuwan
Nadyan tansah angadhang, aku samar yen sliramu ra kelingan
Wong ayu tak anti anti jo pijer semaya wae, aku tresna karo kowe
Teganing atimu, saya gawe lara iku ra prayoga
Aku ora bakal mundur aku ora bakal mlayu
Yen durung  nyandhing sliramu, ukurane tresna dudu bandha nanging lungiting asmara



59.  IJO IJO

Bawa :MEMANISMU ANGUJIWAT
            AGAWE RUJITING NGGALIH
            RARA APA KANG SINEDYA
            UPAMA MUNDUTA RUKMI
            TERTEMTU TAK TURUTI
            IBARAT WONG NUMPAK PRAHU
            LUMAMPAH TANPA WELAH
            NENG MADYANING JALANIDHI
            TEMAH GONJING ANGGENJING ING PAGULINGAN
Ijo ijo siji opo loro,pilih siji sing gemati
Yen loro apa ora kanggo aku sing cotho
            Ijo ijo godhonge jati, godhong jati suwek pinggire
            Duwe bojo sing gemati, yen gemati tentrem uripe
Ijo ijo godhonge mbayung, enake dingo gudhangan
Duwe bojo atine binggung, rina wengi golek sandhang pangan
            Ijo ijo godhonge bayem , enake di bumbu trasi
            Duwe bojo atine ayem, rina wengi tansah dikancani

60.  SIDO RONDO

Biyen mula sliramu wis tak aturi,golek bojo sing tresna tulus sejati
Pungkasane sliramu digawe lara, ra urunga saikine dadi randha
            Nanging piye kabeh mau wis kebacut, ibarat bubur ra bakal dadi sega
            Neng sliramu tanpa upama, ngerti ngono lamaranmu sing tak tampa
Kabeh mau ora perlu di getuni, sliramu biyen janji saguh ngenteni
            Kowe lan aku muga dadi jodone, ra kena prawane tak enteni randhane
Ora ngira sliramu saguh ngenteni, mung nyatane tresnamu tulus lan sucu
Sing tak jaluk sing gede pangapurane, andum tresna bebojoan selawase

61.  CUCAK ROWO

Kucoba coba melempar manggis, manggis kulempar mangga ku dapat
Kucoba coba melamar gadis, gadis kulamar jandha ku dapat
            Saiki jamane jaman edan , wong tuwa rabi perawan
            Perawane yen bengi nangis wae, amarga wedi karo manuke
Manuke manuke cucak rawa, cucak rawa dawa buntute
Buntute sing akeh wulune, yen digoyang aduh enake

62.  RESEPSI
Yen pinuju angrawuhi pahargyan resepsi,kakung putri ngagem busana kang edi peni
Para putri sami lenggah jejer katon rapi, yen sinawang kanthi kaya kaya widadari
Para prya lenggahe, rada adoh sawantara
Mudha mudi lirak lirik
Mesam mesem , guya guyu sajak arep mundhut lagu
Ingkang nyinom mandhak mojok ndelik ana mburi
Lenggak lenggok sajake ana sing diwedeni
63.  GUNUNG KIDUL
Sinawang pancen asri, gunung kidul nyatane lestarii
Pembangunan katona merak ati, bisa gawe kepranan kang amurangi
            Sayuk sayuke-ka patri,gotong royong rakyate tan nguciwani
            Tansah setya dhawuhe pangaji, mahayani gunung kidul handayani.
64.  AYUN MAJU LANCAR
Maju lancar maju kanthi lancer lancer,wus sumunar. Dasar bocah monthar
Aja samar bise maju lancar, caketi kang gumuruh kali sing sambikala.
65.  PARA MIYARSA
Para miyarsa kakung putri, sugeng siang sugeng amirsani
Pagelaran seni kuda kepang, ingkang beber wonten mriki
            Kembang waru kembange nangka, kembang nangka warna warna
            Yen rakyate pada bersatu , Indonesia tetap merdeka
66.  JARANAN
Jaranan jaranan jarane jaran teji2x, sing nunggang ndara behi
Sing nggiring para mantri, jeg jeg nong jeg jeg gong
Jeg jeg kecemplung lurung, gedebug krincing 2x
E e gedebug jeder
67.  NGALOR NGIDUL
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon, mrana mrene ing sak paran paran
Pengen kowe ora kelakon, rina wengi mung dadi bayangan
Mumet pikirku mumet sirahku ,ora bisa turu kelingan sliramu
68.  GANDA ARUM

Ganda arum cahyane ageng guwung cundhuk kembang menur
Kalung sekar melathi bregas kaya pinulas pindha golek kencana
Tembene kang amulat temah lara asmara




69.  LANCARAN KOTEK
Sluku sluku bathok ,bathoke ela elo si rama menyang sala le olehe payung montho
Tak jenthit lo lo lobah ,wong mati ora obah yen obah medeni bocah yen urip goleka duwit.
            Bakal bludru aja disikat yen disikat ilang bludrune
            Bojo ayu aja dipegat yen dipegat ilang ayune
Awan awan neng karedan, karedan akeh ulane
Rabi prawan ,prawan koredan kacek sithik pileh randhane
            Kathok ireng klambine ireng sandal jepit kacamata
            Aku seneng kowe seneng ra duwe duwit minggata kana
Ngarep soto mburi soto, arep endi plihane
Ngarep bojo mburi bojo, tetep pileh bojo sing keri
            Abang abang urang urang, ijo ijo dho diunduhi
            Akeh  bujang ora kurang , duwe bojo ojo dirusuhi
Tali kawat diuntir untir,tiba jungkat dientul entul
Ora kuat rasaning pikir,timbang mumet ayo bali kumpul
            Orek orek montore mabur, montor mabur gede rodane
            Tuku krewek gede duwur, sing gede duwur larang regane
Pitik cilik aja dikurung, yen dikurung bodhol wulune
Ireng ireng gorengan jagung, ati seneng ora wani nembung.
            Kaya ngene rasane duren,lancip lancip legi rasane
            Kaya ngene rasane sinden, wiring isin tak lakonane
Othok othok suara thekek, tela garing jenenge gaplek
Bakal kayu jenenge triplek, prawan ayu senenge golek golek.
            Waru waru doyong, doyong pinggir sumur
            Ayo gotong royong dimen negarane makmur
Rujak rujak nangka ,rujake para sarjana
Aja padha ngaya tumprape pariwisata
            Waru waru doyong. Doyong pinggir kali
            Ayo gotong royong nglaras reog campursari
Rujak rujak jeruk, rujake gawe tamba ngantuk
Ayo sayuk sayuk, tumprape pada penthuk
            Suwe ora jamu, jamune godhong kecubung
            Suwe ora ketemu, temu pisan atine binggung
Rujak rujak nanas, enak diwadahi gelas
Aja tiwas tiwas, tumprape sing padha nglaras
            Abang ijo wernane ungu, dhuwur lambe jenenge brengos
            Golek bojo melua aku, pilih sing ganteng opo sing bagus
Rujak rujak criping tukune kulon cepiring
Ayo padha eling mring gusti ingkang peparing

Tidak ada komentar:

Posting Komentar