Pengikut

Selasa, 15 Januari 2013

kinanti


1.      KINANTHI
a.       Mider ingrate angelangut,
Lelana njajah negari,
Mubeng tepining samodra,
Sumengka anggraning wukir,
Anelasak wanawasa,
Tumurun ing jurang trebis,
b.      Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi,
Pesunensari ranira,
Cegahen dhahar lan guling,
c.       Anoman malumpat sampun,
Prapteng witing nagasari,
Mulat mangan dhep ngatingal,
Wanodya yu kuru aking,
Gelung rusak wor lan kisma,
Kg iga iga kaeksi.
d.      Pari lemu ledhung ledhung,
Pepindhane jalanidhi,
Katiyuping samirana,
Rembyak rembyak anglam lami,
Yen cinandra kg mandrawa,
Kadya kabut prangwedani,
e.       Kinanthi panglipur wuyung,
Rerengganing prawan sunthi,
During pash doyan nginang,
Tapih pinunjung amentasi,
Mendhak gene yen diwasa,
Bumi langit gonjang ganjing

2.      MIJIL
a.       Pomakaki padha dipun eling,
Ing pitutur ingong,
Sira uga satriya arane,
Kudu anteng jatmika ing budi,
Ruruh sarta wasis,
Samubarangipun,
b.      Dedalane guna lawan sekti,
Kudu andhap asor,
Wani ngalah luhur wekasane,
Tumungkula yen dipun dukani,
Bapang den simpangi,
Ana catur mungkur.
c.       Para mudha marsudia elmi,
Jumangkah kang adoh,
Kewajibanmu abot sesanggane,
Ngisi kamardikan nagri iki,
Prayitna ing budi,
Suci sarta jujur,
d.      Landhi mantep mring panggawe becik,
Ing pitutur ingong,
Aja sira sakarepe dhewe,
Tugas marang negeri iki,
Kinanthi ing ati,
Kanggo sangunipun.

3.      MEGATRUH
a.       Yen woh wohan enak mentah iku timun,
Enak mateng iku kweni,
Manggis enak blibaripun,
Pelem enak mateng ati,
Salak enak rada bosok,
b.      Nadyan tebih sun lumaku ngguru elmu,
Yen panas panas kepati,
Yen udan teles kelebus,
Nanging yen sinangga gampang,
Tansah kanthi hyang anom.
c.       Sigra mili kang gethek sinangga bajul,
Kawandasa kang njageni,
Ing ngarsa miwah ing pungkur,
Tanapiing kanan kering,
Kang gethek lampahnya alon,

4.      GAMBUH
a.       Sekar gambuh ping catur,
Kg cinatur polah kg kalantur,
Tanpa tutur katula tula katali,
Kadaluwarsa katutuh ,
Kapatuh pan dadi awon.
b.      Jaka lodhang gumandhul,
Praptaning pang ngethengkrang sru muwus,
Eling eling pasthi karsaning hyang widi,
Gunung mundhak jurang mbrenjul,
Ing ngusir praja prang asor.
c.       Sembah raga puniku,
Pakartine wong amagang laku,
Sesucine asrana saking arih,
Kg wus lumrah limang wektu,
Watak wantu wewaton,
d.      Aja nganti kebanjur,
Samubarang ingkang nora jujur,
Yen kebanjur kojur sayekti tan becik,
Becik ngupayaa iku,
Pitutur ingkang sayektos.
e.       Pitutur bener iku,
Sayektine kg pantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra pepeki,
Lamun becik wurukipun,
Iku pantes sira anggo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar