Pengikut

Selasa, 15 Januari 2013

dhandhanggula



SEKAR MACAPAT
1.      DHANDHANGGULA
a.     Dhedhep tidhem    prabawaning ratri,
Sasadara wus manjer kawuryan,
Tan kuciwa memanise,
Menggep srinateng ndalu,
Siniwaka sanggyaning dasih,
Aglar neng cakrawala,
Winulat  ngelangut,
Prandene kabeh kebekan,
Saking kehing taranggana kang sumiwi,
Warata tanpa sela.
b.      Tibra layu wayahe hyang rawi,
Rawat rawat sinamar hyang hima,
Asmara semu sunare,
Rereh denya tamurun,
Lir kepalang malang tumolih,
Labet maksih karenan,
Myat resmining dhukuh,
Wismane randha dhadhapan,
Mesi sotya kang lagya sinarawedi,
Dinadar ing jawata.
c.       Jago kluruk rame kyapsari,
Lawa kalong luru pandhelikan,
Jirih kahanan ing semune,
Bang wetan sulakipun,
Mratandani yen bangun enjing,
Rembulan wus gumlewang,
Neng kulone gunung ,
Ing padesan wiwit obah,
Lanang wadon pan samya anambut kardi,
Netepi kuwajiban,
d.      Lamun sira anggeguru kaki,
Amilia manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kang wruh ing hokum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir paweweh ing liyan,
Iku pantes sira guru kaki,
Sartane kawruhana,

e.       Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa sami anuladha,
Dhuk ing nguni caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabahu ing maespati ,
Aran patih suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tripakara,
Guna kaya purunge kang den antepi,
Nuhoni trah utama,
f.       Lire lelabuhan triprakawis,
Guna bisa saneskareng karya,
Binudi amrih unggule,
Karya sayektinipun,
Duk mbiyantu Magadha nagri,
Amboyong putri dhomas,
Katur ratunipun,
Puruna sampun tetela,
Aprang tandhing lan ditya ngalengka aji,
Suwanda mati grana,
g.      Rama ibu kang luhuring budi,
Ingkang angukir jiwa lan raga,
Kang agung pangurbanane,
Paring pituduh luhur,
Rina wengi tansah angesthi,
Mrih rahayuning putra ,
Lulus kang ginayuh,
Sadaya ribed rubeda,
Linambaran kanthi sabarang penggalih,
Tuhu pantes tinulad,
h.      Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan lenggana,
Nglenggahi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labuh nagari,
Tan nolih yayah rena,
Myang leluhuripun,
Wus mukti neng ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kapi,
Punagi mati grana,
i.        Yogya malih kinarya palupi,
Surya putra narpati ngawangga,
Lan pandhawa tur kadhange,
Len yayah tunggil ibu,
Suwita mring sri kurupati,
Oneng nagri ngastina ,
Kinarya gul agul,
Bratayuda ingadegken senopati,
Ngalaga kurawa.
j.        Carang wreksa ingkang jamang tambir
Nora gampang wong mengku Negara
Baligo amba godhonge
Kudu sentoseng kalbu
Tengareng prang andheging riris
Den teteg trang ing cipta
Sendhang mring ranu
Sasat ana ing palagan
Kasang toya menyang seta mungwing ardi
Yen apes kawirangan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar